1 Sumangga makarya pra prajuriting Gusti martosken kabar kang adya nggih sih rahmat sing swargi mrih tyang kang peteng ing driya, samya manggih pepadhang yekti. Sumangga makarya. 2 Sumangga makarya sampun ta ngantos telat, mbabarken sih tresna nyata mrih tyang dosa mratobat ywa giris nglawan bebaya wit Gusti nganthi salaminya, sumangga makarya. 3 Sumangga makarya klayan manteb lan setya, manggul salib ndherek Gusti mbelani tyang prih ati, kang tinindhes wah siniya linuwaran temah raharja, sumangga makarya.
|
|