1 Yen dudu Yehuwah kang ayasa wisma, tanpa guna, tanpa gawe karyane tukange lah mangkya kita andulu yeyasane o, iba mulyanya pasamuwane Yesus Gusti para abdi setya lan bingah ing driya nambut pakaryan adi saking Gusti 2 Iba begjanipun tyang ingkang ngalami wanuh swargi, wanuh Gusti nggih Juru Wilujeng karana sami ginadhang gesang langgeng luhurna, luhurna agung sihe Rama ing swarga pra kang swau sami tambuh gesang yekti sami winenganan korining swargi. 3 Pra kang wus ngalami sih tresnane Gusti datan kendel nambut kardi angundhangken warti inggih kabaring sih rahmat saking swargi undhangna, wartakna, warata salumahing bumi dyan sagung pra umat wanuh mring sih rahmat nggih Injiling asmanya: Yesus Kristus.
|
|