1 Kraton swarga saestunya ndhatengi saya wewah, bebener lan kaadilan aneng jagad sumrambah katentreman sayekti binabar aneng bumi. 2 Pra tyang pracaya ywa semplah klayan tulus tumandang mbabarken Kratoning Allah nadyan kathah kang nglawan Gustimu tansah njangkung sarta paring pitulung 3 Mbabarken Kratoning Allah dhasarnya mung katresnan tan ngandelken bala kathah nging sumarah Pangeran sagung tyang kang pracaya yogya sengkut makarya
|
|