1 Sumangga pra kanca misungsungken gesang nggih dadya pramitra rencanging Pangeran martosken Injilnya pangluwaran sing dosa mring saliring bangsa mrih samya wilujenga 2 Tyang miskin kesrakat rinoban sih rahmat tyang kang kinunjara linuwaran sigra katentreman yekti binabarna ing bumi sagung tyang manembah wah mituhu mring Allah. 3 Injil kabar suci yeku sihing Gusti den undhangna tansah sajagad sumrambah tyang mblasar ing lampah wah kang wangkot ing manah tinuntun mratobat nampenana sih rahmat
|
|