1 He nyawaku sira sumyaka nggungung ing sihing Pangeran kang sampun ngirid lampahira tansah paring pitulungan mring para utusan setya kang ngundhangken wartos adya Haleluya, Haleluya. 2 Sinten kang nampi timbalannya ngemban ayahan kaswargan tartamtu badhe angraosna pratandha myang kaeraman nadyan margine rekasa nging tan kendhat tansah muja Haleluya, Haleluya. 3 He nyawaku sira sumyaka anggunggung-nggunggung Yehuwah slawasing uripku dak puja kalawan ati kang bungah de agung sihe mring kula ing ratri dalasan rina Haleluya, Haleluya.
|
|