1 He prajurite Gusti kang samya dinuta kesah mring pundi pundi nyebar kabar adya, nggih kabaring sih rahmat peparing sing swarga kang sinungken pra umat mrih sami pracaya Payo maju ja giris atimu marga Gusti nganthi sapurugmu payo maju undhangna samangkya, murih kang peteng gesangnya wanuh Pamarta. 2 Sajroning prang ja lali sabukan kang kukuh nganggo rohing kayekten dyan sira apuguh kabingahan sanyata nggih Injiling Gusti den undhangna warata salumahing bumi. 3 Yen katempuh rubeda de kridhaning mengsah candhaken tamengira pracaya lan pasrah wit Gusti wus prasetya nganthi sapurugmu yeku kang bakal nuntun kedaling ilatmu.
|
|