1 Bungaha susaha Gusti dak puji, kang mranata gesang kula, kula rinimat kalayan katresnan, mila kula pasrah pangrehnya, pasraha pasraha ing sapangrehing Hyang Makwasa. 2 Sapinten awrating momotan kula, rencana godha myang susah, yen kula enggal mulad Sang Pamarta, manah kula entheng lan bingah, 3 Sanadyan kula kasinungan drajat, kaluhuran miwah pangkat, namung kula tan prayogi gumunggung, nging tumungkul mring Hyang Maagung,
|
|