1 Nggen kawula makarya inggih kasar alus mung Paduka Gusti kang mugi amaringi pitedah, pamrayogi sarana Roh ingkang suci. 2 Kawula nggih nglenggana pandamel kula nglaha estu tanpa gun lamun tan binerkahan dening Allah Pangeran sadaya mung damel cuwa. 3 Dhuh Hyang Kang Maha Adil mugi Paduka nunggil ing kula slaminya dyan ing salir pakaryan tanduk lan kalakuwan kula manut reh Paduka.
|
|