1 Tekading manah kawula tansah ndherek mring Gusti yeku Panutan sanyata nggih Panebus sejati margining salib ingambah mbangun turut mring Allah mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki. 2 Kula mesthi ndherek Gusti ngantos slami-laminya nggih martosken Injil suci margining tyang waluya 3 Nulad Sang Pamarta Gusti sagah ngurbanken dhiri tan remen ing kekerasan nging lubering katresnan 4 Sanadyan rumpil marginya nging Gusti tansah nganthi nadyan ribed lan sangsara datan semplah ing ati
|
|