1 Kapyarsi Gusti nimbali: "He wong kamomotan, mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran", kula ngayom maring Gusti temah ayem yekti, wit sinung kraharjan nyata uwal sing antaka. 2 Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong ngelak, mareka, nampanana banyu swarga temah urip nyata," kula ngungsi maring Gusti sinungan Roh Suci, tinuntun mrih mursid yekti tresna mring sesami. 3 Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong dosa, mareka, nampanana kurban suci rah srira sampurna," kula pasrah Sang Pamarta sinung sih rahmatnya, wah ingangkat putreng Allah kang nglantarken berkah.
|
|