1 Pracaya lan pasraha mring Allah Ma kwasa, Gunging prihatinira ginantosan begja, yekti pilihing margi Pangeran mberkahi, lan sira kaeraman wit gunging kadarman. 2 Lamun sira nggresula yekti tanpa guna, ati kabidhung susah pepeteng sumrambah, ngetunga gunging berkah sarta mukjijadnya, dalah prakara lumrah dadya marginira. 3 Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti, sira tan darbe kwasa nata umurira, mung tansah mbudidaya sinartan ndedonga, sumendhe mring Pangeran wah ngambah pepadhang. 4 Lamun nyangga momotan ingancam bebaya, ngungsia mring Pangeran ywa semplah ing driya, sira rineksa Gusti mrih datan bilai, tan sande linuwaran wah sinung kraharjan. 5 Yen praharaning gesang silih nempuh tansah, klayan takat linawan wah nenga mring Allah, Gusti nunggil tan kendhat lan ngganjar sih rahmat, temah manteb pracaya ing slami-laminya.
|
|