1 Taksih menga kori dhateng swarga, korining nugraha, mila mangga nulya den ambaha sampun ta semaya, saiba ta duwungira lamun kineban kori swarga. Umareka umareka. 2 Sestu begja kawula sadaya nadyan tiyang dosa, sampun dangu sami dipun antya dening Rama swarga, pramila sami dipun kebat lumebet koringing sih rahmat. 3 Adhuh Gusti sestu sih Paduka ngeramken tyas kula, nadyan kula tiyang ingkang nistha pinaringan swarga, mung wit sihing Allah Sang Rama kori swarga taksih binuka.
|
|