1 Gusti Yesus, Sang Pamarta kula ndherek Paduka, manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya, kula Paduka kiyatken temah tan nate semplah sampun ngantos kemuriten datan cuwa ing manah. 2 Nadyan tinilar ing mitra sinengitan sudara, kula manteb ing pracaya ndherek Gusti slaminya, lamun Gusti ingkang nganthi kabegjan kang pinanggya, lamun Gusti kang ngasihi sinung kraharjan nyata. 3 Karibedan lan sangsara krana ndherek Paduka ngiyatken tekading manah ngudi Kratoning Allah, kula tan lingsem tan wedi nekseni Injil suci, wit gesang langgeng sayekti ndherek Sang Kristus Gusti.
|
|