1 Gusti gesang kawula lumados mring Paduka, dadya pisungsung yekti mrih kamulyan ing Gusti. 2 Mobah mosiking driya wah rerantaman kula ngarah luhuring lampah mbabarken karseng Allah. 3 Kedaling ilat kula tindak lampahing gesang, namung tansah nelakna gunging sihe Pangeran 4 Bandha lan kasagedan katur minangka kurban, cihnaning bekti Gusti wah nresnani sesami. 5 Gesang sawetahira manut ing reh Paduka, makarya klayan bingah kagem kratoning Allah.
|
|