1 Kasetyaning Allah datan gingsir, kang pinilih nggih ugi den timbali tansah pinirsanan sadayane, prajanji nya tamtu dipun tetepi samukawis kang kinaryakaken, rinampungken. 2 Sabda lan kwasane Allah nyata saben jaman winengku ing pangrehnya astanya kukuh miwah santosa ngasta pangadilan ing salamanya landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan. 3 Sang Roh Suci kang kagungan karsa mbikak kekeraning gesang sanyata pasamuwan tinuntun astanya rineksa dugeng kasampuman nyata nggih dados warganing kraton swarga salamanya.
|
|