1 Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya tiyang dosa wanuh Pamarta samya nampi gesang nyata gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman Sagung dosa sampun ical mangkya ngrasuk gesang enggal. 2 Iba adi tuwin endahnya pawartos ingkang kapyarsa turut margi arum swaranya pangundharing kabar adya kabar rahmat saking Pangeran rentahing berkah kraharjan kula samya tiyang dosa rinentahan palimirma 3 Tyang dosa den sami mirengna yogya samya anilingna napa sampun wanuh swaranya lamun dereng mangga samya enggal umarek mring ngarsanya klayan eklas manah suka mung dening Yesus nggen kita saged wangsul dhateng swarga.
|
|