1 Yesus Roti panguripan tumurun saking swarga paring rahayu santosa mring sagung tyang pracaya. 2 Yesus dados margi nyata kangge pra tyang kesrakat wangsul margining raharja nuju sumber sih rahmat. 3 Yesus tuking toya gesang tyang ngorong bener yekti temtu badhe tinuwukan angger purun nampeni. 4 Yesus Pangen kang utami ngurbanken sariranya mrih umatnya gesang yekti tinebus sing antaka. 5 Yesus nggih cempening Allah Juru slamet sejati awit dening wutahing rah kula sami basuki. 6 Yesus pangayoman nyata langgeng ing salaminya jagad owah gingsir sirna Yesus tetep wah setya.
|
|