1 Rahayu wong wedi asih mring Pangeran Yehuwah rameng gawe sepi pamrih kasengsem sabdeng Allah wong bener wah ngabekti slamanya den berkahi lan turune lestari. 2 Omahe wong kang pracaya kanggonan kaluberan, kautamane slamanya tanggon ing karupekan, yen pepeteng nglimputi gya pepadhang nelahi wit tinunggil ing Gusti. 3 Wong loma sinung kabegjan slamanya kinasihan, wong jujur tulus ing lampah sinebut-sebut tansah, mring wong drengki tan wedi nging pracaya mring Gusti rineksa ing Hyang Widi. 4 Wong awatak welas asih mring kang miskin wah ringkih, kanggonan kamulyan yekti nggih kamulyaning budi, wong duraka mung meri ngangah-angah ing pati, pituwase bilai.
|
|