1 Allah yeku pangen satuhu pangrehnya nentremken kalbu kula tansah rinimatan srana sagung ing kamirahan. Ing juranging pati tan wedi bilai wit Gusti pribadi kang nganthi nadyan mengsah kathah manah datan semplah berkah tansah rumentah mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah. 2 Ayem manah lan nyawa kula ingayom ing sihing Gusti, sarta tinuntun astanya ing margining bebener yekti.
|
|