1 Allah yeku pangen kula kang gung sih tresnanya Kula tansah rinimatan srana gung kadarman. 2 Kula tansah den ayomi mila ayem yekti tinuntun ing margi adi wit asmaning Gusti. 3 Kula tan ajrih bilai wit kinanthi Gusti, wah slaminya pangreksanya temah kula begja. 4 Nadyan sinatru tyang kathah nging ayem ing manah, Allah ngluberken sih rahmat berkahnya tan kendhat. 5 Kula rinoban kabegjan salamining gesang, saha manggen lan memuji ing daleming Gusti.
|
|