1 Dhuh Allah Ma suci kula asung puji ing pangibadah puniki agung kamulyanta ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati. 2 Dhuh Allah Makwasa kanthi trusing driya, kawula nlangsani dosa, mugi angapunten sarta nucekaken, temah gesang kula ayem, pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta. 3 Dhuh Allah Mamirah sru adrenging manah kula sami nyadhong berkah, nggih sabda kang suci sabdanipun Gusti, kang paring gesang sejati, pinuji Roh Suci kang ngenggalken budi, nilar gesang lami. 4 Dhuh Allah Maluhur kula saos sokur dalah pisungsung kang katur, bandha sarta badan miwah kasagedan, dadosa kurban kang gesang, pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng gusti.
|
|