1 Dhuh Allah kang Ma suci mugi Gusti melasi sampun ngukum kula merdi klayan bramantya nging enggal den entasna sing sisah sangsara. 2 Dhuh Allah Kang Makwasa ngrentahna sih wilasa, kula kadya pejah wit manah lesah semplah, nging yen luwar sing pati tansah nggunggung Gusti. 3 Dhuh Allah Kang Matresna nglubema kawlasanta, rinten dalah ratri luh tangis tansah mili, angantya pangluwaran sing gung karupekan. 4 Dhuh Allah Kang Maluhur puji panuwun katur, wit gunging sih rahmat myarsakna mring pasambat, ngluwari sing tyang nyatru, wah sung tentrem sestu.
|
|