1 Dhuh Pangeran Allah tyang duraka kathah nyatur mengsahi kula memoyoki tansah ngarah kula pejah srana salir piala nging Paduka Gusti pangayoman yekti tuking kamulyan adi wit gunging sih rahmat myarsakken pasambat pandonganing pra umat. 2 Dhuh Pangeran Gusti kula datan wedi mring tyang drengki wah srei wit tyang kang duraka mesthi den kasorna dening asta Paduka, tyang pracaya yekti Paduka belani wah rineksa sing pati mila kula ayem gesang tansah tentrem, de kabegjanku langgeng.
|
|