1 Dhuh Gusti kang Mawilasa mugi paring aksama kula getun de klepatan nglawan dhateng Pangeran nglirwakken dhawuh Paduka manut hardaning dosa temah tan ngraosken tentrem tebih sing gesang langgeng 2 Dhuh Gusti kang Mahatresna mugi ngruwat kawula, temah kula dados suci tetunggilan lan Gusti, manah kang peteng wit dosa enggal pulih lejara, pangajeng-ajeng binuka ngener mring Allah Rama 3 Dhuh Gusti kang Mahakwasa mugi nuntun kawula, ngambah ing margi utami mbangun turut mring Gusti, nyingkur mring karseng pribadi wit kwasaning Roh Suci, nglawan kapencuting donya mrih raharja slaminya.
|
|