1 Saestu keduwung kula dene kirang setya dinawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami, nging tan ana bukti adhuh Gusti nyuwun suci. 2 Saestu keduwung kula de gesang mung nglaha, kelu pangwasaning dosa mung nguja sengseming driya, lampah tan prayogi, adhuh Gusti nyuwun suci. 3 Saestu keduwung kula de ndlarung ing dosa, nadyan rinoban sih rahmat nging datan enggal mratobat, mangkotaken ati, adhuh Gusti nyuwun suci. 4 Saestu keduwung kula nglirwakken kwajiban, mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan, tentreming dumadi, adhuh Gusti nyuwun suci. 5 Saestu keduwung kula lamun dugeng janji, gesang kula tan sembada nilar citraning Sang Rama, mesthi den bendoni, adhuh Gusti nyuwun suci.
|
|