1 Sihing Allah kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa, mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri. 2 Yen Allah nganggep dosa kula wah lepat klentuning lampah kawula pejah ing antaka wit gesang mung awon tansah nging Gusti luber sih rahmat kula pepuji tan kendhat. 3 Mring salir tyang nggih sanak-mitra mesthi kawula tedahna margining karaharjan yekti yeku sih rahmating Gusti punika sokur kawula mring Gusti nggih Sang Pamarta.
|
|