1 Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan kula mlajeng mring pundi namung dhateng Pangeran nyuwun tulung dhuh Allah mugi nglanting kawula sing sagung karibedan dimen pulih lejara. 2 Tan wonten pangauban sestu namung Paduka, etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa, yen kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara, sinten kang nglipur malih inggih namung Paduka. 3 Gusti dados pikekah miwah beteng kawula karosannya tyang lungkrah pepadhangnya tyang wuta, kula apes anglentrih Gusti maringi kiyat, kula tyang kawlas asih tansah nyuwun sih rahmat. 4 Gusti tuking kadarman mugi mlasi mring kula, uwala sing momotan wah kalis sing panggodha, Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa, mugi nucekken kula temah gesang sembada. .
|
|