1 Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu, mbokya ngungsia mring Gusti mesthi kinarya suci. Gusti nimbali sira rungokna ta sabdaNya, pasraha jiwa raga. 2 He wong kang ilang kesasar saparanmu kapirsan, Gusti nglari lan nimbali bakal karsa nulungi. 3 Gusti kwasa sipat mirah manjalma krana kita, mula den enggal mareka mesthi tan nampik sira. 4 Sira kaancam rencana ukum laknat ngadhangi, nuli enggal umareka tinebus ing rah adi.
|
|