1 Dhuh Yehuwah nyawa kula ngantos antos Pangeran, kawula kaluwarana sing tyang remen mengsahan, wah katedahna margi bebener Paduka Gusti, mung Paduka pribadya sumbering tentrem raharja. 2 Dhuh Yehuwah ngengetana mring sih palimirmanta, wiwit jaman purwa mila Gusti gung ing apura, ngruwata dosa kula nadyan ageng saha kathah, nyawa kula rineksa wit sih kadarmaning Allah. 3 Allah Maadil lan sae tan ngegungken bebendu, tyang kang kesasar uripe tinuntun tobat sestu, marginya mung katresnan bebener sarta kasetyan, tumrap tyang setya yekti netepi sabdaning Gusti. 4 Dhuh Allah mugi ngapura krana asma Paduka, mripat kula tansah nenga ngadhang sih kawlasanta, kawula nandhang awrat kepencil sarta kesrakat, mugi kaluwarana mrih kula tentrem raharja.
|
|