1 Haleluya Pangeran aneng papan pamujan pinujia asmanya dalah aneng akasa, wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi ngungkuli kang gung edi munggwing swarga lan ing bumi. 2 Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging kidung, binarung salir gangsa wah kang ngungelken swara, geguritan dalah beksa makluk kang darbe nyawa, ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haleluya
|
|