1 Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Magung wah akasa mratelakken yasaning astanipun rinten dalu tan kendhat wartanya ngebeki rat. 2 Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan, nging samangsa den tilingken tansah nggunggung Pangeran, paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi. 3 Pangeran murbeng jagad rat kang ngrimati pra titah, surya kang mlampah tan kendhat nggih krana rehing Allah, saliring kang dumadi nelakken sihing Gusti. 4 Mugi Gusti.nggih karenan isining manah kula, gung panggunggung mring Pangeran pangayoman sanyata, pinujia tan kendhat Panebusing pra umat.
|
|