1 Kula samya tetunggilan ngabekti mring Pangeran wit sinungan kacekapan wah bagas kesarasan kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti wit ing ayoming sihira sestu tentrem raharja 2 Kula rinoban ing begja rinten dalu tan kendhat, ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijad, 3 Kula rinimat ing Gusti sarta sagunging titah, mangsa kang silih gumanti samukawis mung endah. 4 Kawula nggih binerkahan lantaran mitra kadang, sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan,
|
|