1 Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami, gya napaki panjangnya warsi enggal puniki, nadyan tan saged ndugi momotan myang kabegjan, wit sih rahmate Gusti kita samya basuki 2 Saben mangsa tinata manut ing lampahira, swau pepanggihan samangkya kita pisahan, nging tan sande tansah nyawiji nunggil ing Gusti, wit sih rahmating Gusti kita samya basuki. 3 Silih andongakna mrih raharja salampahnya, wah kasil ing karya myang sembada gesangira, tansah lembah manah andhap asor ngarseng Allah, wit sih rahmating Gusti kita sami basuki.
|
|