1 Siyang dalasan ratri silih gumanti tan ana kang langgeng ing bumi, mung sih katresnaning Allah kang Makwasa lan katresnanira kang langgeng nyata. 2 Nadyan kita asring nindakaken dosa, nging Gusti gung ing pangaksama, yogya kita tan dlarung wangkot ing ati, nimbangi gunging sih rahmating Gusti. 3 Warsa enggal nelakaken gung sih rahmat, mrih tyang dosa samya mratobat, yogya kita ngudi urip mursid yekti, mbangun turut, ajrih asih mring Gusti. Panutup: Amin.
|
|