1 Pinuji puji Gusti sih rahmatnya gung yekti sajroning warsi lami kita rineksa sing pati nadyan tinempuh panggodha nging mantep pracaya, wit kinanthi ing Gusti temahan tansah basuki 2 Ginunggung Hyang Maagung gung luber ing pitulung, sajroning warsa lami kula tansah den rimati, nadyan awrat sanggen kathah tan semplah ing manah, cekap ing kabetahan wah misungsung mring Pangeran. 3 Kluhurna Hyang Makwasa kang langgeng kasetyannya, ing warsa anyar niki nggih mesthi tansah berkahi, mung karaharjan sanyata ngiring lampah kula, mila tan kendhat muji wah mbangun turut mring Gusti.
|
|