1 Maranatha, maranatha, dhuh Gusti mugi prapta tyang kang menang nglawan dosa tansah manteb ing pracaya nampi ganjaran sing Gusti wohing wit panguripan ing taman Pirdus yekti. 2 Maranatha, maranatha dhuh Gusti mugi prapta tyang kang tatag tanggon yekti mikul salib ndherek Gusti gesang langgeng aneng swargi tan ana susah pati tansah nunggil lan Gusti. 3 Maranatha, maranatha dhuh Gusti mugi prapta tyang ajrih asih mring Gusti wah nekseni Injil suci kaganjar nama anyar kepareng lenggah dhampar nunggil Sang Kristus Gusti. 4 Maranatha, maranatha dhuh Gusti mugi prapta tyang kang methukken rawuhnya nggih rumantos lan waspada nyandhang kamulyan yekti dadya sakaning Swargi Padalemaning Gusti.
|
|