1 Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili langit lan bumi gya malih dadya swargi Kratoning Allah nggih binabar sampurna iblis dosa mangkya sirna Sestu rarja yekti tyang kang dugeng janji ing patunggilannya Sang Pamarta nunggil Gusti aneng kamulyan ing swargi. 2 Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili bebener nyata wah kaadilan yekti lan kajujuran wah ungguling katresnan ginelar, binabar ngegla 3 Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili tyang kamitegan remen dora, grejegan lamis gesangnya wah wengis watekira pati langgeng pandumannya
|
|