1 Sawernaning puji kanthi trusing ati mring Allah kang Maha mirah dening sagunging tumitah wit tansah rinoban berkah. 2 Saliring panuwun dalah masmur kidung, mring Allah tuking gung berkah, dening kang samya pracaya wit sinung tentrem raharja. 3 Sagunging panggunggung dalasan pisungsung, mring Allah Gustining titah, dening saliring pra umat wit rinentahan sih rahmat. 4 Sakathahing sokur srana lampah luhur, mring Gusti yeku Hyang Widi, dening sagung pasamuwan wit rinoban ing kabegjan.
|
|