1 Aku kangen mring Gustiku kang tansah dak antya rawuhnya mulung tyang pracaya satuhu wah sumuyud tulus ing driya Gustiku neng swarga aku kangen mring Gustiku, Gustiku, Gustiku kang kwasa ing bumi dalah ing swarga. 2 Aku kangen mring Gustiku mila bektiku trus ing kalbu, tansah sengkut wekel makarya tan nggresula mundhi dhawuhnya, 3 Aku kangen mring Gustiku mila setya ing sesanggeman, temah kalis saking bebendu nging pinaringan gung kamulyan, 4 Aku kangen mring Gustiku kang mirsani osiking kalbu, wah kang tan sande enggal prapta ngadili sagunging manungsa,
|
|