1 Wonten ing swarga saiba nengsemna tyang gesang nyata kanthi sampurna ngriki gung ribed sedhih sangsaranya ngrika gung ayem tentrem sayekti (2X). 2 Wonten ing swarga saiba mulyanya, sadaya dados suci sampurna, ngriki manah asring peteng wit dosa, ngrika gung padhang wah lipur lejar, (2X). 3 Wonten ing swarga iba raharjanya, tan wonten panandhang wah paniksa, nunggil kamulyan klayan Sang Pamarta, mila tan kendhat dennya memuja, (2X). 4 Wonten ing swarga saiba tentremnya, mantun sulaya dredah grejegan, manah sami gumolong tut runtutnya, tresna tinresnan klayan sampurna, (2X).
|
|