1 Langit lan bumi kang anyar nulya enggal binabar wus tan wonten kasangsaran mung langgeng ing kraharjan den sareha tyang pracaya ngantya bujana swarga kita nunggil Sang Pamarta nunggil ing kamulyannya. 2 Sirna salir kasusahan musna sagung panandhang mung kabingahan kabegjan wit rinoban pepadhang 3 Pra suci gesang sampurna sestu tebih sing dosa mung sumyak ngidung mring Allah nggunggung memuji tansah.
|
|