1 Sang Kristus Gusti wus badhe prapta angadili gung manungsa tyang duraka mindhak durakanya de pituwase nraka tyang mursid mindhaka mursid yekti nucekken gesang manut mring Gusti yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya. 2 Sang Kristus prapta ngasta ganjaran pinaringna mring salir tyang kang mung mentingken badan priyangga ingukum ing naraka tyang kang tansah nresnani pepadha tan mawang tyang wah tulus ing driya yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya. 3 Gusti rawuh ngadili salir tyang pracayanya wah amalnya tyang kang mblunthah nguja nafsu donya kabesmi ing naraka tyang suci ing lampah bekti Allah manut Roh nyingkur badan priyangga yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya.
|
|