1 Kawula ngantya nagri swarga nagrining kasampurnan nyata nunggil Gusti ing kamulyannya wus lali prihatin ing donya Neng nagri sampurna kita langgeng tentrem raharja Neng nagri sampurna mung tansah memuji memuja. 2 Kawula ngantya nagri swarga nagrining tyang manteb pracaya ngagem makuthaning kasucen wus lali salib wit kayekten 3 Kawula ngantya nagri swargi nagrining tyang setya mring Gusti tyang unggul nglawan salir godha tatag, tanggon wah mursid nyata.
|
|