1 Sang Kristus wus mesthi prapta jumeneng Hakim nyata ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya tyang kang tresna mring sesami ajrih asih mring Gusti kepareng mlebet ing swargi ing kasampurnan yekti. 2 Tyang mursal samya moyoki ngremehken sabdeng Gusti de Gusti tan enggal prapta nganggep janjinya nglaha ngarseng Gusti Kang Makwasa sataun lir sadina mila tyang kang tan rumantya kacelik temah cuwa. 3 Sang Kristus wus mesthi prapta jumeneng Hakim nyata ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya yogya methukken rawuhnya srana tansah samekta waspada sarta ndedonga memuji Maranatha.
|
|