1 Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gusti kang mberkahi grejanya temah tansah begja Injil kratoning Allah ingundhangken sumrambah asmanya kamulyakna dening sagung bangsa. 2 Sagung kidung kamulyan konjuk mring Pangeran, dalah pisungsung sokur wit berkahe mancur, wah pangengennya nyata yogya pra umat setya, asmanya kamulyakna dening kagungannya. 3 Salir kidung panggunggung konjuk Hyang Maagung, tansah sung pitulungan maring pasamuwan, nadyan panggodha nempah rineksa mrih tan dhawah, asmanya kamulyakna dening tyang pracaya.
|
|