1 Atusan taun kawula jinajah, nging samangkya kula wus merdika, sestu niku mung sih rahmating Allah lantaran perjuangan kula sabangsa agung sihing Allah Hyang Maluhur, swawi kanca tansah saos sokur kanthi giyat tumemen makarya mrih raharja lahir lan batin kita. 2 Madegira Republik Indonesia dhedhasamya namung Pancasila, tangsul kekah kang ngiket tyang sabangsa, mugi Gusti mberkahi mrih lestarinya, 3 Sesantinya: "Binneka Tunggal Ika", nadyan beda nging nunggil ing sedya, samya rukun sengkut mbangun negari, wah silih numrahken berkahing Hyang Widi, 4 Hak azasi manungsa kawujudnya, dhemokratis nggene nata praja, mrih kekahing bebener kaadilan, wah kebabarira karsaning Pangeran,
|
|