1 Indonesia negari adi kang sestu kula tresnani, tanah wutah rah nggih tanah pusaka paringing Allah Sang Rama, wus mesthi tansah kula labuhi klayan eklas trusing ati. 2 Indonesia negari adi gemah ripah loh jinawi, werni-werni kewan wah tetaneman ulam lelangen lelumban, nedya kula jagi mrih lestari wit niku paringing Gusti. 3 Indonesia negari mulya sewu pulo bebanjaran, bangsa beda suku wah agaminya, ras sarta golonganira, tansah kula sesuwun mring Gusti mrih bangsa wetah lestari.
|
|