1 Pasamuwan kang nyawiji netepi sabdaning Gusti dadya paseksi sanyata Yesus yeku Sang Pamarta sih rahmating Allah tumrah mring gung manungsa, sumrambah saliring tyang kang pracaya, basuki gesangira. 2 Pindha badan mung sajuga nging kathah peranganira. pasamuwan kang manunggal mbabarken gesang kang enggal, sami dene mbiyantoni wit sih sinihan sayekti, tunggal ati tunggal Gusti nengsemken mring sesami. 3 Peparing kang beda-beda dadya pisungsung kang adya, mrih kamulyaning Pangeran wah majenging pasamuwan, sinangkul kang karepotan nglawan godha karupekan, mrih tuwuhing kamursidan nggayuh mring kasampurnan. 4 Pasamuwan kang nyawiji nekseni Injiling Gusti, nglantarken sihing Pangeran datan mawang mring salir tyang, mbelani tyang kang sangsara nadyan benten ing pracaya, krana ajining manungsa citreng Allah Makwasa.
|
|