1 Papan pangibadah saestu ngangeni kawula sami ngabekti ngraosken nunggil lan Gusti ngluhurken asmanya mirengken sabdanya mareka, mareka kanthi manah tulus memuji nampi berkahing Gusti mrih saged mbabarken tresna. 2 Papan pangibadah papan ingkang adi mangga nggumolongken manah nyuwun manteb ing pracaya mrih wantun nekseni sih rahmating Gusti. 3 Sing papan punika kebabara yekti pratandha Kratoning Allah sumrambah mring tiyang kathah temah tyang sajagad nembah Kang Murbeng Rat.
|
|