1 Yekti nengsemken ing ati pasamuwan kang nyawiji tansah lung tinulung silih mbiyantoni nekseni asmaning Gusti. 2 Sagunging warganing greja leladi kang trusing driya temahan pasamuwan saya ngrembaka asmaning Gusti pinuja. 3 Kang ringkih den pitulungi kang ribed den bela nuli silih andum berkah sihing Sang Pamarta gesangnya tentrem raharja. 4 Pasamuwan kang nyawiji leladi ngurbanken dhiri lelabet mrih kraharjaning masyarakat samya ngraosken sih rahmat.
|
|